(LORO TAPI
SIJI )
“Podang
Ngingsep Sari lan Padma Sri Kresna”
Kampung
Nyutran duweni kisah penting ing Kasultanan Ngayogyakarta. Ing 1755 M,
pemerintahan Hamengkubuwono I ndamel 13 kesatuan bregada, salah sijine Bregada
Nyutra. Jeneng Nyutra utawa Nyutran . Banjur jeneng iki digunaake kanggo
kadipaten paling wetan benteng kraton.
Jeneng Nyutra asale saka Panyutra, jeneng desa ana ing Sumenep,
Madura. Bregada Nyutro yaiku bregada bala bantuan saka Madura kanggo tanda
paseduluran antarane Adipati Cakraningrat karo Sultan Amangkurat Agung..jpg)
.jpg)
Jeneng Nyutra saka tembung dasar
sutra duweni awalan N-. Tembung sutra
ing basa Kawi artine 1) 'unggul', 2) lulungidan, 3) 'pipingitan/'sinengker’ lan
ing jawa anyar duweni arti ”bahan kain sing alus”; banjur awalan N- duweni arti tindakan sing aktif karo kain sutra utawa
wong kiang lagi nggawe migunaake sutra .Bregada Nyutra mlebu prajurit pengawal
pribadi Sri Sultan. Bregada iki prajurit kesayangane Sultan lan cerak terus
karo Sri Sultan . Ing filosofis Nyutra maknane
bregada sing alus kaya aluse sutra sing njaga lan dampingi ,tapi duweni
lulungidan lan ktrampilan sing unggul. Kuwi sebabe bregada iki duwe senjata
sing lengkap (tombak, towok tameng, senapan lan panah/jemparing). Sadurunge masa
Sri Sultan Hamengku Buwono IX, bregada Nyutra wajib bisa nari.
Bregada Prajurit Nyutro yaiku prajurit klangenan, ora prajurit
perang. Bregada nyutra bisa terampil nari utawa mbeksa lan dadi pengawal
upacara grebeg sing njagani kaslametane
Sultan pas lagi lenggah ing Sitihinggil.
Prajurit Nyutro mlebu pasukan sing elite, sebabe nampa upah sing
pada karo bregada Wirabraja lan Bugis, yaiku antarane 7,5 – 40 gulden se sasi ,
tergantung senioritase. 8 perwira pangkat panji, 8 bintara pangkat sersan ,46 prajurit
lan 2 sing nggawa duwaja. Duwajane jenenge Kanjeng Kyai Trisula..jpg)
.jpg)
Sabregada
duweni loro seragam sing warnane beda, yaiku klambi lengen pendek abang lan
ireng,karo klambi lengen dawa warna kuning sing dinggo ning jero klambi lengen
pendek . ngisorane nganggo kathok panji selutut lan kain dodot utawa kampuh
sing duweni motif bango tulak.
Lanjur tutup rambut anggo topi ireng lan udheng gilig (bentuke sing bunder).
Mergane
ana loro kelompok karo seragam sing beda, dadi ana loro werna gendera ing
bregada nyutra. Sing kepisan Podang Ngingsep
Sari warna dasar kuning, ing tengah ana plentong (bunderan) warna
abang lan Padma Sri Kresna
warna dasar kuning, ing tengahe ana gambar plentong warna ireng.
Podang ngingsep
sari asale saka tembung podang artine 'kepodang (jenis manuk sing warnane
kuning indah warnane keemasan)',
ngingsep = 'ngisep', lan sari = 'inti sari'. Ing filosofis Nyutra abang maknane
bregada sing terus nggengem teguh kaluruhuran. Padma-sri-kresna asale saka telu
basa Sansekerta,yaiku : "padma" artine 'kembang teratai', "sri"
artine 'sinar, indah', lan "kresna" sing artine 'ireng'. Ing filosofis
Nyutra ireng maknane bregada sing mbasmi tindakan sing ala, kaya Sri Kresna titisane Dewa Wisnu.
Lanjur
para prajurit sing dolanan musik duweni perangkat tambur, seruling lan terompet
Jenegane musik nyutra yaiku Mares MBAT-EMBAT PENJALIN, karo iringan gamelan
kanggo meragaake tarian tayungan, lagu sing didendangke yaiku Mares TAMTOMO
BALIK (Mares Slanggunder) kanggo mlaku alon lan nganggo gaya lan Mares
SORENGPRANG (MaresTameng Maduro )
kanggo mlaku cepet.
Senjatane
sing digunaake yaiku kayata tombak, towok tameng, senapan lan
panah/jemparing.
Janjane
bregada Nyutra yaiku
bregada sing paling unik saka bregada liyane .tapi ana sing nyebutke bregada
iki medeni ,soale tutup rambut sing digunaake duweni rambut palsu sing dawa
persis kaya wong jaman biyen. Bregada Nyutra yaiku bregada sing meng nganggo
sandal dibandingke bregada liyane malah bregada iki dasare ora nganggo alas
apa-apa.
Rante sejarah
saiki uwis mutus generasi nyutra . saiki uwis ra ana maneh keturunan saka
keluarga bregada sing manggon ing nyutran. Pancen ana inisiatif saka Pemuda
Kampung Nyutran nggawe bregada nyutra , tapi iki ora Bregada resmi miturut
Kraton. Bregada Nyutra sing resmi Kraton
saiki relawan (abdi
dalem) sing asale saka wilayah ngendi wae ing Ngayogyakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar