Senin, 10 Desember 2012

WEJANGAN SUNAN KALIJOGO


Wejangan Kanjeng Sunan Kalijogo marang Kiyai Ageng Bayat, kasebut ing serat Babad Demak. Seratan asli mawi tembung Jawi lan aksara Jawi, kawedar ing sekar macapat kanti tembang Dandang Gulo punika:



Urip iku neng ndonya tan lami,
umpamane jebeng menyang pasar,
tan langgeng neng pasar bae,
tan wurung nuli mantuk,
mring wismane sangkane uni,
ing mengko aja samar,
sangkan paranipun,
ing mengko pada weruha,
yen asale sangkan paran duk ing nguni,
aja nganti kesasar.

Yen kongsiha sasar jeroning pati,
dadya tiwas uripe kesasar.
tanpa pencokan sukmane
saparan-parang nglangut
kadya mega katut ing angin
wekase dadi udan.
mulih marang banyu,
dadi bali mutingwadag,
ing wajibe sukma tan kena ing pati,
langgeng donya akhirat

Tembang Dandang Gulo punika wau, ing jaman biyen asring dipun sekaraken utaminipun ing dusun-dusun tanah Jawi pinuju sami jangong bayi. Ananging sapunika sampun mboten wonten malih tiyang Jawi ingkang taksih nguri-uri nembang macapat kangge medar pepeling nalikane wonten jagong bayen. Kabudayan punika prasasat sampun luntur lan mboten dipun agem malih tumprapipun masyarakat Jawi. Santeripun pengaruh modernisasi tuwin benoning arus globalisasi ndadosaken sebab sirnaning budaya adi luhung ingkang ngemu pepenget, pepeling tuwin wejangan-wejangan warisan pujangga adi luhung. Bilih dipun galih kanti saetu-estunipun manah kabudayan Jawi kados kasebat ing nginggil ngemu suraos ingkang lebet sanget kanggenipun pitutur gesang. Pramila punika mboten wonten awonipun bilih kita sami saged nulada wejanganipun Kajeng Sunan Kalijogo kados ingkang sampun kawedar ten nginggil. Wondene kirang langkung tegesipun kados makaten:

Urip punika neng donnya tan lami. Ibarate kaya jebeng menyang pasar, ora langgeng neng pasar bae. Tegese pasar iku panggonan kang werna-werna kahanane. Mula ana ing sajrone pasar iku kudu sing waspada, amarga akeh goda lan akeh wong sing pada nasar utawa kesasar. Dene menawa arep tetuku kudu dipikir lan aja kesusu amarga akeh barang peteng lan barang palsu. Ana ing sajroning pasar iku akeh wong ngapusi lan akeh wong malsu. Dene menawa arep tuku panganan kudu dicicipi/dirasakake, yen wis cetha enake nuli diduwiti. Semono uga yen arep tuku omben-omben hiya dicicipi disik, amarga akeh banget kang apik-apik wadahe, ananging racun isine. Dene arep tetuku woh-wohan hiya dicicipi disik, aja kepencut becike rupa. Amarga ana kang rupane abang, kang nyenengake, jebule pakan ula kang nyilakani. Kabeh mau dadi pepeling, sebab anggone menyang pasar iku neja tetuku kang bakal dinggo sangune urip ana sajroning omahe. Yen nganti kliru tetukone, hiya bakal nyilakaake awake dewe. Ananging yen kebeneran anggone tetuku, mestine wae bakal nyelametake awake dewe. 

Mengkono uga yen arep nindakake pernatan agama. Ojo waton pilih agama. Luwih becik dimangerteni dasar lan sejarahe. Amarga wernane agama iku ana 360 agama kang mung penemune para manungsa kang durung mangerti marang pernatan wahyu suci Al-Qur'an. Hiya wahyu saka ngersane Gusti Allah dzat kang paring urip. Luwih-luwih yen anggone nindakake pernatan agama iku mung trima manut penemune para manungsa kang ora ngakoni benere Al-Qur'an. Ing mbesuk yen deweke iku wus ditimbali dening Allah, tegese wus manggon ing sajroning alam kubur mesti ngrasakake lara lan susah anggone ora kuwat ngrasakake larane nompa siksane ana sajroning alam kubur sarana langgeng. Amarga sukma iku tan kena ing pati uripe iku langgeng donya akhirat.

Tegese tanpa pencokan sukmane iku, deweke ora rumangsa dadi kawulane Gusti Allah Swt, lan ora ngrumangsani dititahake dening Gusti Allah. Deweke ora rumangsa marang pirang-pirang panganan utawa woh-wohan kang digawe dening Allah, lan ora rumangsa ngombe banyu kang digawe dening Allah sehingga ora ngakoni duwe sesembahan kang asmane Allah dzat kang maha wajib diderek dawuh dawuhe lan diadohi larangan-larangane. Wus samestine deweke iku yen mati disiksa dening Allah kang paring urip. 

Selagine dadi pegawene negara wae yen ora manut pernatane negara lan wani nerjang larangan negara hiya mesti sengsara uripe. Mula saka iku aja nganti nindakake agama mung anut grubyuk ora ngerti rembuk. Contone wong nyambut gawe wae, yen ora mangerti praturane nyambut gawe mesti ora bakal entuk bayar, kejaba mung kangelan. Cethane mengkene. Umpamane wong buruh nutuki watu, utawa nyirami setum. Ana ing dalan-dalan mung anut grubyuk ora ngerti rembuk, mung melu-melu nutuki watu utawa melu-melu nutuki setum, ora gelem takon-takon lan ora kenal karo mandore, ora gelem ndaftarake jenenge lan ora manut pranatane. Wong iku banjur wanci bayaran nuli melu urut nyadong bayar, melu antri. Sawuse tekan panggonane kasir, nuli nembung njaluk bayaran. Mesthine wae deweke ora bakal dibayar, kejaba mung ditakoni, "Jenengmu sapa lan apa kang tok garap, lan endi daftare jenengmu?" Wong kaya ngono kuwi pungkasane mung kesel lan kaliren. Mangkono uga kang pada rumangsa nglakoni lan wus ditandangi sarana ngrekasa. Nanging sing dilakoni kuwi dudu pranatane Gusti Allah kang paring urip, mula yen wis mati dikubur, bakal nampa kapitunan amerga apa sing dilakoni ora entuk ganjaran, kabeh muspra, kabel sia-sia. Isane mung getun lan nangis jerat-jerit nampa siksane Gusti. Dene pranatane ndaftar kuwi hiya kudu mlebu Islam, gelem nyekseni yen ora ana pengeran kang wajib disembah kejaba Gusti Allah ta'ala, saha nyekseni bilih kanjeng Nabi Muhammad kuwi saetu-estu utusanipun Allah. Dene para manungsa sing ora gelem ndaftar kanthi ikrar sahadat kekalih wau jenege ora bakal kacatet lan ora bakal entuk ganjaran. Kabeh amalan sing wis dilakoni muspra! Umpamane maneh wong melu "lomba lari" wae, kita mesthi ndaftar ning panitia, lan kudu melu pranatan sing wis ditemtokake. Yen kita angger anut grubyuk ora ngerti rembuk, banjur melu-melu mplayu,mulo ora dianggep melu lomban. Sak umpamane olehe mplayu iso ning ngarep pisan entuk nomer siji hiya ora bakal entuk bebungah, sebab ora dianggep mergo ora ndaftar sakdurunge.

Beja banget wong urip kang ngati-ati. Gelem takon pranatane Gusti Allah marang para ngulami kang pada netepi pranatanne Al-Qur'an, lan pada niru tumindakipun Nabi Muhammad Saw. Wong-wong kang pada netepi pernatane Al-Qur'an lan netepi tindakipun Rosullah Muhammad Saw kuwi kang diwastani Ahli Sunnah Waljama'ah. Perlu dipun ngerteni biih ahli sunah waljama'ah kuwi dudu jenenge golongan/pepantan.  Senajan ngaku golongane wong kang Ahli Sunah Waljama'ah, ananging tumindake iku ora cocok karo tumindakipun Rosulullah Muhammad Saw, hiya nyata-nyata dudu Ahli Sunah Waljama'ah. Umpamane wong sak mesjid iku netepi pernatane Allah lan netepi tumindakipun Nabi Muhammad Saw, iku mung wong siji, hiya mung siji iku sing Ahli Sunah Waljama'ah.  Mula saka iku kudu waspada, aja gampang diapusi dening para ulama kang pada ngaku ahli sunah waljama'ah.

Dene tindake Rosulullah Muhammad Saw iku : 1) Sidiq tegese tememen anggone nindakake dawuhe Allah Swt; 2) Amanah tegese kena dipercaya dening umat; 3) Tabligh tegese tansah pepeling marang para manungsa kang pada nyulayani pernatan Al-Quran; 4) Fattonah tegese cerdas/pinter/tansah nampa wahyu saka malaikat Jibril. Tumprap kita sami hiya tansah nuladha sifatipun kanti demen golek ilmu. 

Wondene ingkang dipun wastani sunnah iku tumindakipun Nabi Muhammad Saw, dene jama'ah iku tindake para shohabat kanjeng nabi. Sapa wae sing netepi tindake Nabi Muhammad Saw lan shohabate sanajan mung siji hiya mung siji iku sing jeneng ahli sunnah waljama'ah. Muga-muga kita tansah oleh hidayah, pituduhipun Gusti Allah saw kanti netepi pernatan Al-Qu'ran lan nindakake kaya tindake Rosulullah Muhammad Saw. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar