Senin, 10 Desember 2012

"PARIWISATA ING YOGYAKARTA"


Ing wektu-wektu preinan ngene iki kayata pas lebaran, natal, taun anyar, lan taun ajaran anyar, akeh papan pariwisata sing dikebaki dening para wisata kang padha plesir ngenggar-enggar penggalih. Ora tuwa ora enom, ora sugih ora mlarat, ora wong pinter ora wong bodho pancen bener kabeh padha mbutuhake kabutuhan wisata, kanggo ngurangi beban urip supaya ora gampang stres. Mesthi wae kabutuhan wisata mau katindakake yen kabutuhan pokok kayata papan, sandhang lan pangan wis kacukupan. Yogyakarta kalebu salah sawijining papan wisata sing kondhang sawise pulo Bali. Akeh papan wisata ing tlatah Ngayogyakarta Hadiningrat sing bisa kanggo plesir para wisata wiwit saka wisata alam, wisata budaya, wisata sejarah, wisata ilmiah, wisata seni, lan liya-liyane.

Wisata alam sing kondhang ing tlatah Yogja antarane wisata alam ing Kaliurang. Ing papan wisata iki para wisata bisa ndelok kaendahaning alam pegunungan lan Gunung Merapi sing isih aktif ngetokake lahar. Bisa uga nindakake munggah gunung, kemah ing tlatah Bebeng, utawa nonton prosesi budaya labuhan ing Gunung Merapi sing diadani ing Dhusun Kinahrejo, Kaliurang. Tlatah liya yaiku pesisir Parangtritis, Parangkusuma, Parangendhog, Parangwedang sing mapan ing Kabupaten Bantul sisih Kidul. Ing papan iki para wisata bisa nonton gedhening alun segara lan labuhan laut saka Kraton Kasultanan Ngayogyakarta ing wektu-wektu tartamtu. Wisata alam liya sing gayutane karo laut yaiku pesisir Samas, Pandhansima (Kab. Bantul), pesisir Trisik, Glagah, Congot (Kab. Kulon Progo), pesisir Baron, Krakal, Kukub, Drini, Reneyan, Wedhiamba, Sadheng, Ngobaran, Sundhak, (Kab. Gunung Kidul). Ing kene uga bisa padha blanja iwak laut ing TPI (tempat pelelangan ikan) utawa warung-warung sacedhake pesisir lan bisa tuku iwak mentahan utawa matengan.

Wisata alam liyane sing ana gayutane karo banyu yaiku wisata ing Wadhuk Sermo kang mapan ing Kabupaten Kulon Progo sisih kulon lor. Ing papan wisata iki para wisata bisa nonton gedhening wadhuk sinambi nunggang prau. Ing kiwa tengene wadhuk uga akeh wit-wit sing pantes kanggo ngenggar-enggar penggalih lan papan-papan palerenan. Sakliyane iku uga ana wisata alam kang awujud guwa, contone Guwa Cerme ing Desa Selapamiara Bantul, lan Guwa Selarong ing tlatah Bantul sisih kulon, guwa Jepang ing tlatah Kaliurang Sleman, Guwa Langse ing tlatah Gunung Kidul, Guwa Kiskendha lan Guwa Seplawang, ing tlatah Kulon Progo. Wisata sing gayutane karo alas antarane wisata hutan Wanagama ing Gunung Kidul. Papan iki bisa uga kanggo kemah lan panaliten flora (tetanduran) kanthi anane Museum Wanagama. Mangkono antarane wisata sing ana gayutane karo wisata alam.

Wisata budaya kang asring katindakake dening masarakat lan Kraton Yogyakarta antarane Grebeg, Malem Siji Sura, lan Sekaten. Upacara Grebeg kang katindakake dening Kraton Kasultanan Yogyakarta dileksanakake kaping telu ing sajroning setaun, yaiku Grebeg Sawal ngepasi tanggal 1 Sawal taun Jawa, Grebeg Besar ngepasi tanggal 10 Besar (Dulhijah) taun Jawa, lan Grebeg Mulud ngepasi tanggal 12 Mulud (Maulud) taun Jawa. Saben Upacara Grebeg, Kraton ngetokake gunungan lanang wadon kang banjur kagawa menyang Mesjid Gedhe. Sawise didongani dening kyai utawa ulama, kekarone didum marang masarakat sing padha nonton kanthi rebutan. Ing Upacara Grebeg iki adate kairing dening prajurit-prajurit kraton sing duwe jeneng warna-warna, kayata wirabraja (lombok abang), prawiratama, daeng, ketanggung, jagakarya, nyutra, mantrijero, patangpuluh, lan bugis. Sing nonton uga akeh banget ora mung wisatawan lokal nanging uga wisatawan manca sing arep padha ngalap berkah.
Acara Suran kawiwitan ing dina malem siji sura taun Jawa (1 Muharram taun Islam) kanthi nganakake mubeng beteng. Adate acara iki katindakake dening kerabat Kraton Kasultanan lan bebarengan karo masarakat Jogja. Kang diarani beteng ing kene yaiku betenge Kraton Kasultanan Ngayogjakarta sing kawiwitan saka dalan kulon Mesjid Agung mengulon mentok tekan parkiran Ngabean banjur mengidul tekan pojok beteng kulon banjur mengetan tekan pojok beteng wetan, banjur mengalor tekan protelon bah petruk utawa dalan Ibu Ruswa banjur mengulon tumuju arahing alun-alun lor maneh. Isih ing malem siji sura uga akeh para warga sing padha tumuju papan-papan wingit liyane kayata Parangtritis-Parangkusuma, Gunung Merapi, Gunung Lawu, lan liya-liyane. Ing sasi sura uga katindakake jamasan pusaka kraton lan kreta dening pehak Kraton Ngayogja. Acara liyane yaiku labuhan ing pesisir Parangkusuma, Gunung Merapi, Gunung Lawu, lan Dlepih. Barang-barang sing kalabuh adate ageman, rikma, lan kenaka.
Upacara sekaten ana gayutane karo wiyose Nabi Muhammad ing tanggal 12 Maulud. Kanggo mahargya wiyose mau, pehak Kraton nganakake upacara sekaten kanthi nabuh gamelan Kyai Guntur Madu lan Kyai Naga Wilaga suwene pitung dina lan mung leren sedhela ing dina Jemuwah sadurunge sholat Jumat. Miturut crita turun-tumurun, tembung sekaten saka tembung Syahadatain basa Arab sing ateges kaseksen marang Gusti Allah lan Nabi Muhammad. Sadurunge upacara sekaten adate ana pasar malam sing suwene sesasi sing mapan ing alun-alun lor Kraton Ngayogja. Dodolan sing sipate tradisional sing isih bisa ditemoni antarane endhog abang disundhuk biting, kinang, lan pecut. Barang-barang sing didol kasebut miturut warga nduweni berkah, kuwi sing padha percaya. Kayata mangan kinang nalika gamelan ditabuh, bisa dadi awet enom utawa tuku pecut bisa dadi ingon-ingone ngrembaka akeh.

Saliyane iku, ing masarakat uga akeh katindakake upacara merti desa utawa bersih desa. Upacara iki adate katindakake ing dhusun-dhusun nalika bubar panen pari minangka simbol kasuburan. Para wisatawan bisa uga mirsani museum-museum budaya sing sumebar ing tlatah Ngayogja, kayata Museum Kraton Kasultanan Yogyakarta, Museum Puro Pakualaman, Museum Sonobudoyo, Museum Candrakiranan, Museum Tembi, Museum Batik, Museum Ullen Sentalu, lan Museum Wayang Kekayon. Ing museum-museum iki para wisatawan bisa mirsani maneka warna hasil kabudayan masarakat Jawa, kayata jinis batik, omah, wayang, kerajinan, tetanen, bebrayan, lan liya-liyane



PIDATO BASA JAWA : "EKSISTENSI BUDAYA JAWA ING ERA GLOBALISASI"


لْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ
الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد
            Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ingkang kulo hormati !Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.Poro rawuh ingkang kulo hormati !Ing majlis meniko kulo ajes mbahas sekedhik tentang pentingipun kabudayan jawi ing jaman globalisasi.Sakderengipun, Sebagai pengajak kulo monggo saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT.
            Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ (رواه ابن عبد البر)Ingkang artosipun :“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri“Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun lan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu.Poro Rawuh ingkang kulo hormat !Jaman globalisasi niku penting, kito kedah perso lan paham tentang warta utawi informasi penting ing jaman sakniki. Pripun madosine???? Gampil pak bu.... internet.... jaman sakniki buka layar komputer ingkang canggih, segala urusan meniko dados dipun gampil.... tapi kito dados tiyang jawi nggeh kedah ngertos kabudayan jawi ingkang luhur. Saking bahasa, unggah ungguh lan kebiasaanipun. Mang panjenengan perso, ing jaman globalisasi sak meniko, kabudayan jawi dipun laliaken. Luntur kari ambune. Lare lare mboten saget ngendikan kromo inggil, sagete ngoko. Paaaakkkk.... kei duwiteee???? O ladalah anak kurang ajarrrr koyo karo kancane dhewe.... pak nyuwun artone??? Lak yo sae to dimirengake???? Sakniki senajan ilmune kathah kok mboten ngibadah lan mboten paham unggah ungguh nggeh sami mawon. Cobi Mang pikir sedanten.... adik-adik lan generasi muda mudi islam sak meniko, sinten ingkang di anut??? Bola bali jawabane nggeh londo.... mang njenengan perso, dandanane, rasukane lan gaya hidupe lak mboten kados tiyang jaman riyen to pak bu???Tiyang jawi niku dikenal alus, sopan lan anteng. Dumeh jaman sakniki jaman era globalisasi, segala thetek mbengek jawi dipun tinggal. Istilahipun “menyesuaikan jaman” (jarene). Menyesuaikan jaman niku penting, tapi moten kedah kados mekaten pak bu. Mboten menthele lan mboten gayane. Tapi kedah menyesuaikan ilmune. Kados standart nilai sakniki didhuwurake, komputer kedah ngertos, internetan lan liya2ne. Ten warnet niku madosi hal hal ingkang manfaat, warta warta saking seluruh penjuru dunia. mboten face bookaaaaaan terus.
          Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar, disamping belajar umum lan agomo, belajar kabudayan jawi ingkang luhur. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11يَرْفَعِ الله ُ الَّذِ يْنَ آمَنُوْا مِنْكُمْ وَالَّذِ يْنَ أُوْتُوْا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ Artosipun :“Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“Tapi sa’wangsulipun menawi kito anggadahi ilmu kabudayan jawi tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah, jaman globalisasi. Sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan deneh formal utawi mboten formal. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah tapi ampun kesupen kaliihan kabudayan jawi ingkang luhur.Tapi dumeh wis pinter nggeh ampun gembagus. boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi kentandang gaweh boten purun. 
         Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro Ibu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi :“Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane“Poro rawo ingkang kulo hormati !Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.
 و بالله التو فيق و الهدايةوالسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

WEJANGAN SUNAN KALIJOGO


Wejangan Kanjeng Sunan Kalijogo marang Kiyai Ageng Bayat, kasebut ing serat Babad Demak. Seratan asli mawi tembung Jawi lan aksara Jawi, kawedar ing sekar macapat kanti tembang Dandang Gulo punika:



Urip iku neng ndonya tan lami,
umpamane jebeng menyang pasar,
tan langgeng neng pasar bae,
tan wurung nuli mantuk,
mring wismane sangkane uni,
ing mengko aja samar,
sangkan paranipun,
ing mengko pada weruha,
yen asale sangkan paran duk ing nguni,
aja nganti kesasar.

Yen kongsiha sasar jeroning pati,
dadya tiwas uripe kesasar.
tanpa pencokan sukmane
saparan-parang nglangut
kadya mega katut ing angin
wekase dadi udan.
mulih marang banyu,
dadi bali mutingwadag,
ing wajibe sukma tan kena ing pati,
langgeng donya akhirat

Tembang Dandang Gulo punika wau, ing jaman biyen asring dipun sekaraken utaminipun ing dusun-dusun tanah Jawi pinuju sami jangong bayi. Ananging sapunika sampun mboten wonten malih tiyang Jawi ingkang taksih nguri-uri nembang macapat kangge medar pepeling nalikane wonten jagong bayen. Kabudayan punika prasasat sampun luntur lan mboten dipun agem malih tumprapipun masyarakat Jawi. Santeripun pengaruh modernisasi tuwin benoning arus globalisasi ndadosaken sebab sirnaning budaya adi luhung ingkang ngemu pepenget, pepeling tuwin wejangan-wejangan warisan pujangga adi luhung. Bilih dipun galih kanti saetu-estunipun manah kabudayan Jawi kados kasebat ing nginggil ngemu suraos ingkang lebet sanget kanggenipun pitutur gesang. Pramila punika mboten wonten awonipun bilih kita sami saged nulada wejanganipun Kajeng Sunan Kalijogo kados ingkang sampun kawedar ten nginggil. Wondene kirang langkung tegesipun kados makaten:

Urip punika neng donnya tan lami. Ibarate kaya jebeng menyang pasar, ora langgeng neng pasar bae. Tegese pasar iku panggonan kang werna-werna kahanane. Mula ana ing sajrone pasar iku kudu sing waspada, amarga akeh goda lan akeh wong sing pada nasar utawa kesasar. Dene menawa arep tetuku kudu dipikir lan aja kesusu amarga akeh barang peteng lan barang palsu. Ana ing sajroning pasar iku akeh wong ngapusi lan akeh wong malsu. Dene menawa arep tuku panganan kudu dicicipi/dirasakake, yen wis cetha enake nuli diduwiti. Semono uga yen arep tuku omben-omben hiya dicicipi disik, amarga akeh banget kang apik-apik wadahe, ananging racun isine. Dene arep tetuku woh-wohan hiya dicicipi disik, aja kepencut becike rupa. Amarga ana kang rupane abang, kang nyenengake, jebule pakan ula kang nyilakani. Kabeh mau dadi pepeling, sebab anggone menyang pasar iku neja tetuku kang bakal dinggo sangune urip ana sajroning omahe. Yen nganti kliru tetukone, hiya bakal nyilakaake awake dewe. Ananging yen kebeneran anggone tetuku, mestine wae bakal nyelametake awake dewe. 

Mengkono uga yen arep nindakake pernatan agama. Ojo waton pilih agama. Luwih becik dimangerteni dasar lan sejarahe. Amarga wernane agama iku ana 360 agama kang mung penemune para manungsa kang durung mangerti marang pernatan wahyu suci Al-Qur'an. Hiya wahyu saka ngersane Gusti Allah dzat kang paring urip. Luwih-luwih yen anggone nindakake pernatan agama iku mung trima manut penemune para manungsa kang ora ngakoni benere Al-Qur'an. Ing mbesuk yen deweke iku wus ditimbali dening Allah, tegese wus manggon ing sajroning alam kubur mesti ngrasakake lara lan susah anggone ora kuwat ngrasakake larane nompa siksane ana sajroning alam kubur sarana langgeng. Amarga sukma iku tan kena ing pati uripe iku langgeng donya akhirat.

Tegese tanpa pencokan sukmane iku, deweke ora rumangsa dadi kawulane Gusti Allah Swt, lan ora ngrumangsani dititahake dening Gusti Allah. Deweke ora rumangsa marang pirang-pirang panganan utawa woh-wohan kang digawe dening Allah, lan ora rumangsa ngombe banyu kang digawe dening Allah sehingga ora ngakoni duwe sesembahan kang asmane Allah dzat kang maha wajib diderek dawuh dawuhe lan diadohi larangan-larangane. Wus samestine deweke iku yen mati disiksa dening Allah kang paring urip. 

Selagine dadi pegawene negara wae yen ora manut pernatane negara lan wani nerjang larangan negara hiya mesti sengsara uripe. Mula saka iku aja nganti nindakake agama mung anut grubyuk ora ngerti rembuk. Contone wong nyambut gawe wae, yen ora mangerti praturane nyambut gawe mesti ora bakal entuk bayar, kejaba mung kangelan. Cethane mengkene. Umpamane wong buruh nutuki watu, utawa nyirami setum. Ana ing dalan-dalan mung anut grubyuk ora ngerti rembuk, mung melu-melu nutuki watu utawa melu-melu nutuki setum, ora gelem takon-takon lan ora kenal karo mandore, ora gelem ndaftarake jenenge lan ora manut pranatane. Wong iku banjur wanci bayaran nuli melu urut nyadong bayar, melu antri. Sawuse tekan panggonane kasir, nuli nembung njaluk bayaran. Mesthine wae deweke ora bakal dibayar, kejaba mung ditakoni, "Jenengmu sapa lan apa kang tok garap, lan endi daftare jenengmu?" Wong kaya ngono kuwi pungkasane mung kesel lan kaliren. Mangkono uga kang pada rumangsa nglakoni lan wus ditandangi sarana ngrekasa. Nanging sing dilakoni kuwi dudu pranatane Gusti Allah kang paring urip, mula yen wis mati dikubur, bakal nampa kapitunan amerga apa sing dilakoni ora entuk ganjaran, kabeh muspra, kabel sia-sia. Isane mung getun lan nangis jerat-jerit nampa siksane Gusti. Dene pranatane ndaftar kuwi hiya kudu mlebu Islam, gelem nyekseni yen ora ana pengeran kang wajib disembah kejaba Gusti Allah ta'ala, saha nyekseni bilih kanjeng Nabi Muhammad kuwi saetu-estu utusanipun Allah. Dene para manungsa sing ora gelem ndaftar kanthi ikrar sahadat kekalih wau jenege ora bakal kacatet lan ora bakal entuk ganjaran. Kabeh amalan sing wis dilakoni muspra! Umpamane maneh wong melu "lomba lari" wae, kita mesthi ndaftar ning panitia, lan kudu melu pranatan sing wis ditemtokake. Yen kita angger anut grubyuk ora ngerti rembuk, banjur melu-melu mplayu,mulo ora dianggep melu lomban. Sak umpamane olehe mplayu iso ning ngarep pisan entuk nomer siji hiya ora bakal entuk bebungah, sebab ora dianggep mergo ora ndaftar sakdurunge.

Beja banget wong urip kang ngati-ati. Gelem takon pranatane Gusti Allah marang para ngulami kang pada netepi pranatanne Al-Qur'an, lan pada niru tumindakipun Nabi Muhammad Saw. Wong-wong kang pada netepi pernatane Al-Qur'an lan netepi tindakipun Rosullah Muhammad Saw kuwi kang diwastani Ahli Sunnah Waljama'ah. Perlu dipun ngerteni biih ahli sunah waljama'ah kuwi dudu jenenge golongan/pepantan.  Senajan ngaku golongane wong kang Ahli Sunah Waljama'ah, ananging tumindake iku ora cocok karo tumindakipun Rosulullah Muhammad Saw, hiya nyata-nyata dudu Ahli Sunah Waljama'ah. Umpamane wong sak mesjid iku netepi pernatane Allah lan netepi tumindakipun Nabi Muhammad Saw, iku mung wong siji, hiya mung siji iku sing Ahli Sunah Waljama'ah.  Mula saka iku kudu waspada, aja gampang diapusi dening para ulama kang pada ngaku ahli sunah waljama'ah.

Dene tindake Rosulullah Muhammad Saw iku : 1) Sidiq tegese tememen anggone nindakake dawuhe Allah Swt; 2) Amanah tegese kena dipercaya dening umat; 3) Tabligh tegese tansah pepeling marang para manungsa kang pada nyulayani pernatan Al-Quran; 4) Fattonah tegese cerdas/pinter/tansah nampa wahyu saka malaikat Jibril. Tumprap kita sami hiya tansah nuladha sifatipun kanti demen golek ilmu. 

Wondene ingkang dipun wastani sunnah iku tumindakipun Nabi Muhammad Saw, dene jama'ah iku tindake para shohabat kanjeng nabi. Sapa wae sing netepi tindake Nabi Muhammad Saw lan shohabate sanajan mung siji hiya mung siji iku sing jeneng ahli sunnah waljama'ah. Muga-muga kita tansah oleh hidayah, pituduhipun Gusti Allah saw kanti netepi pernatan Al-Qu'ran lan nindakake kaya tindake Rosulullah Muhammad Saw. Amin.

BREGADA NYUTRA


(LORO TAPI SIJI )
“Podang Ngingsep Sari lan Padma Sri Kresna”

Kampung Nyutran duweni kisah penting ing Kasultanan Ngayogyakarta. Ing 1755 M, pemerintahan Hamengkubuwono I ndamel 13 kesatuan bregada, salah sijine Bregada Nyutra. Jeneng Nyutra utawa Nyutran . Banjur jeneng iki digunaake kanggo kadipaten paling wetan benteng kraton.
Jeneng Nyutra asale saka Panyutra, jeneng desa ana ing Sumenep, Madura. Bregada Nyutro yaiku bregada bala bantuan saka Madura kanggo tanda paseduluran antarane Adipati Cakraningrat karo Sultan Amangkurat Agung.
Jeneng Nyutra saka tembung dasar sutra duweni awalan N-. Tembung sutra ing basa Kawi artine 1) 'unggul', 2) lulungidan, 3) 'pipingitan/'sinengker’ lan ing jawa anyar duweni arti ”bahan kain sing alus”; banjur awalan N- duweni arti tindakan sing aktif karo kain sutra utawa wong kiang lagi nggawe migunaake sutra .Bregada Nyutra mlebu prajurit pengawal pribadi Sri Sultan. Bregada iki prajurit kesayangane Sultan lan cerak terus karo Sri Sultan . Ing   filosofis Nyutra maknane bregada sing alus kaya aluse sutra sing njaga lan dampingi ,tapi duweni lulungidan lan ktrampilan sing unggul. Kuwi sebabe bregada iki duwe senjata sing lengkap (tombak, towok tameng, senapan lan panah/jemparing). Sadurunge masa Sri Sultan Hamengku Buwono IX, bregada Nyutra wajib bisa nari.
Bregada Prajurit Nyutro yaiku prajurit klangenan, ora prajurit perang. Bregada nyutra bisa terampil nari utawa mbeksa lan dadi pengawal upacara grebeg  sing njagani kaslametane Sultan pas lagi lenggah ing Sitihinggil.
Prajurit Nyutro mlebu pasukan sing elite, sebabe nampa upah sing pada karo bregada Wirabraja lan Bugis, yaiku antarane 7,5 – 40 gulden se sasi , tergantung senioritase. 8 perwira pangkat  panji, 8 bintara pangkat sersan ,46 prajurit lan 2 sing nggawa duwaja. Duwajane jenenge Kanjeng Kyai Trisula.
Sabregada duweni loro seragam sing warnane beda, yaiku klambi lengen pendek abang lan ireng,karo klambi lengen dawa warna kuning sing dinggo ning jero klambi lengen pendek . ngisorane nganggo kathok panji selutut lan kain dodot utawa kampuh sing duweni motif bango tulak. Lanjur tutup rambut anggo topi ireng lan  udheng gilig (bentuke sing bunder).
Mergane ana loro kelompok karo seragam sing beda, dadi ana loro werna gendera ing bregada nyutra. Sing kepisan Podang Ngingsep Sari warna dasar kuning, ing tengah ana plentong (bunderan) warna abang lan Padma Sri Kresna  warna dasar kuning, ing tengahe ana gambar plentong warna ireng.
Podang ngingsep sari asale saka tembung podang artine 'kepodang (jenis manuk sing warnane kuning indah warnane keemasan)', ngingsep = 'ngisep', lan sari = 'inti sari'. Ing filosofis Nyutra abang maknane bregada sing terus nggengem teguh kaluruhuran. Padma-sri-kresna asale saka telu basa Sansekerta,yaiku : "padma" artine 'kembang teratai', "sri" artine 'sinar, indah', lan "kresna" sing artine 'ireng'. Ing filosofis Nyutra ireng maknane bregada sing mbasmi tindakan sing ala, kaya  Sri Kresna titisane Dewa Wisnu.
Lanjur para prajurit sing dolanan musik duweni perangkat tambur, seruling lan terompet Jenegane musik nyutra yaiku Mares MBAT-EMBAT PENJALIN, karo iringan gamelan kanggo meragaake tarian tayungan, lagu sing didendangke yaiku Mares TAMTOMO BALIK (Mares Slanggunder)  kanggo mlaku alon lan nganggo gaya lan Mares SORENGPRANG (MaresTameng Maduro ) kanggo mlaku cepet.
Senjatane sing digunaake yaiku kayata tombak, towok tameng, senapan lan panah/jemparing.
Janjane bregada Nyutra yaiku bregada sing paling unik saka bregada liyane .tapi ana sing nyebutke bregada iki medeni ,soale tutup rambut sing digunaake duweni rambut palsu sing dawa persis kaya wong jaman biyen. Bregada Nyutra yaiku bregada sing meng nganggo sandal dibandingke bregada liyane malah bregada iki dasare ora nganggo alas apa-apa.
Rante sejarah saiki uwis mutus generasi nyutra . saiki uwis ra ana maneh keturunan saka keluarga bregada sing manggon ing nyutran. Pancen ana inisiatif saka Pemuda Kampung Nyutran nggawe bregada nyutra , tapi iki ora Bregada resmi miturut Kraton. Bregada Nyutra sing resmi  Kraton saiki relawan (abdi dalem) sing asale saka wilayah ngendi wae ing Ngayogyakarta.

SUGENG RAWUH!


  Blog niki didedikasiaken amargi wonten tugas Basa Jawi saking Bapak Rahmad SMA 1 SEDAYU. Blog niki kula ndamel tiyambak . Kula Raka Wijayanto Kelas 12 BAHASA nggih anggene ndamel Blog menika amargi wonten tugas. Menurut kula niki tugas ingkang "MENARIK".

  Blog niki isinipun seputaran Jawi mawon , Kabudayan Jawi menika tegese "saya suwi saya remuk" menapa? Salah sawijining para pemuda wis ra iru-iru kaliyan budayane dewe. Padahal budayane dewe mbekali nilai Moral saking sesepuh sing Luhur. 

  Blog niki isinipun mboten Fakta-fakta kemawon nanging iya opini saking kula lan tokoh liyane. Seputaran fakta Jawi lan liyanipun inggih InsyaAlloh kula serat. Amargi wonten lepat ing penulisan lan liyane kula inggih nyuwun pangapunten.

Inggih mboten basa-basi ... Mangga sekecaaken... Cekidot..